Thursday, February 5, 2009

Iseng

Sebagai orang Jawa terutama kelahiran Surabaya, rasanya tidak sreg kalau tidak berbicara bahasa ibu serta menggunakan istilah-istilah kota kelahiran saya. Bahasa dan istilah Jawa 'Suroboyoan' berbeda dengan bahasa Jawa Jawa Tengah, karena lebih kasar, egaliter atau mengabaikan perbedaan status. Bahkan kata makian pun bisa menjadi berbeda makna sesuai konteksnya. Kata jan*** adalah makian yang kasar, tetapi menjadi sapaan yang hangat bila diucapkan bengan hangat kepada sahabat yang lama tak dijumpai.

Nah, saya mendapat surat elektronik (email) dari teman tentang kisah-kisah lucu berlatarbelakang budaya Suroboyoan. Saya sengaja menambahkan ke blog ini karena mungkin ini bisa menjadi penambah gambaran tentang gaya hodip orang Surabaya. Maaf kalau Anda tidak mengerti. Tetapi jika Anda ingin bertanya atau berkomentar saya persilakan---monggo---.

ASMUNI

Bunali lagi kulak sandal nang pasar.
Moro-moro onok arek marani Bunali.

"Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?"takok arek mau.
"Dhudhuk! Ngawur ae!" jarene Bunali.
"Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene arek mau ngeyel.

Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi arek mau tetep ae ngotot gak percoyo.
Ndhik endi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.

Mergo mangkel, akhire bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.
"Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon!"
"Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek nginclik.


SEMONGKO

Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal lagi wayahe panen.
Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing ilang.
Jarene wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep.

Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih, bunali masang papan peringatan sing ono tulisane ngene,"Awas!!! ati-ati nek arep nyolong, salah siji semongkoku iki wis tak suntik racun".

Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, bunali mulih.
Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik pancet limolas.
"Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi" pikire Bunali.

Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumuman ambruk, wah paling ketiup angin, pikire Bunali maneh.

Pas diwalik, tibake papan pengumuman ditambahi tulisan ambek malinge,
"Awas!!! Saiki onok loro".


Wedhus

Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
"Mbah, waduh wedhuse sampeyan akeh yo?" jare Bunali.
"Yo lumayan" jare si Mbah.
"Piro kabehe , mbah?" takon Bunali maneh.
"Sing putih opo sing ireng? "
"Sing putih, wis "
"Selawe"
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng? "
"Podho.... " jare Wonokairun ambek ngarit suket.
Bunali takon maneh.
"Mangan sukete yo akeh pisan, mbah.. "
"Yo... "
"Pirang kilo mangane sakdino? "
"Sing putih opo sing ireng? "
"Sing ireng, wis "
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih? "
"Podho.... "
Bunali bingung, laopo lek ditakoki kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.
"Mbah, opoko lek tak takoni perkoro wedhusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo? "
"Ngene lho, sing putih iku wedhusku.... "
"Lha sing ireng? "
"Podho.......... "


Njegur

Onok juragan tambak jenenge Sablah, ngadakno sayembara.
"Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Motor " jare Sablah.
Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur Nang tambak.
Masalae tambake isine dhudhuk Iwak, tapi boyo, nyambik, bajul lan sak panunggalane.
Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang anyar.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegor mergo merinding ndhelok boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.
Akhire ambek Sablah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar ambek omah sak isine.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh, moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak.
Penontone keplok-keplok kuabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang.
Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.
Wis mari ambekan, Sablah marani arep nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak.
"Yo wis tak tambahi duit limangatus juta" jare Sablah, tapi Muntiyadi tetep nolak.
"Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep gak gelem.
" Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti" jare Sablah gak gelem kalah.
"Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo mrene" jare Muntiyadi.


ASI

Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendong bayek.
Gak sui yuk Jah diceluk mlebu, tibake doktere guanteng.
Mari merikso bayeke, doktere takok nang yuk Jah, "Ning, arek iki ngombe ASI opo susu botol? "
"ASI pak dokter..... " jare yuk Jah.
"Wah lek ngono tulung aku perlu merikso susu sampeyan, " jare doktere.
Yuk Jah nurut, klambine di bukak.
Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon.
Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng pisan.
Wis mari merikso, doktere ngomomg ngene, "Waduh ning, yo pantes bayek sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu. "
Jare yuk Jah, "dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter".
"Lha sopo maneh lho? " doktere bingung
"Aku iki ewange....... "

Kebon Semongko

Bunali pusing soale ben isuk ndhik kebon semongkone onok tembelek.
Sak jane Bunali weruh lek sing ndhodhok Nang kebone ben isuk iku Wonokairun, Cuma gak wani nyeneni.
Akhire Bunali Madang pengumuman sing tulisane ngene "ini kebunku, bukan WC mu!! "
Dhadhak tulisane onok sing ngganti ngene "Ini pupukku, untuk kebun mu!!!!!! "

Ngelindur

Muntiyadi turu ngeloni Romlah, bojone. Pas enak-enak turu, Romlah dhadhak ngelindur celuk-celuk pacare.
"Mas Gembil....aku kangen mas. Mas Gembil peluklah aku...... "
Krungu ngono Muntiyadi malih cemburu ngamuk-ngamuk gak karuan, Romlah langsung diseret nang jedhing.
"Hayo ngomongo!!!! Awakmu pengen pethuk ambek Gempil tah???!!, " jare Muntiyadi mbentak bojone.
"Iyo cak...... " jare Romlah.
Langsung sirahe Romlah didelepno nang banyune bak mandi, cik kapok pikire Muntiyadi.
Mari oleh sak menit Romlah gelagepen, ambek Muntiyadi sirahe diangkat terus ditakoni maneh.
" Wis saiki ngomongo maneh!!!awakmu sik pengen pethuk ambek Gempil tah???!!, "jare Muntiyadi maneh.
"Iyo cak..... " jare Romlah.
Langsung sirahe Romlah didelepno nang bak mandi luwih sui maneh, sik gak kapok ae arek iki pikire Muntiyadi.
Mari oleh rong menit Romlah gelagepen, ambek Muntiyadi sirahe diangkat terus ditakoni maneh.
"Hayo ngomongo maneh!!!awakmu sik pengen pethuk ambek Gempil tah???!!, " jare Muntiyadi maneh.
"Iyo cak........ " jare Romlah.
Muntiyadi tambah muntab. Pas arep didelepno nang banyu maneh, Romlah berontak terus takon nang Muntiyadi.
"Sik tah cak, sampeyan yakin tah lek mas Gempil onok nang jero banyu? "

Putus Asa

Sore-sore Muntiyadi jagongan ngelamun nang warung, pandangane kosong ambek tangane ngudek es teh.
Moro-moro Paidi, koncone, teko ngageti terus nyaut ngombene Muntiyadi diglogok sampek enthek, karepe ngejak guyon.
Muntiyadi nuangis gerung-gerung, koncone malih gupuh kabeh.
"Wok!!Kon iku jarene tentara tapi kok cik gembenge, ngombemu tak saut ae nangis, " jare Paidi.
"Sak dino iki apes thok uripku, " jare Muntiyadi.
"Lho opoko, mbok menowo aku isok nulungi, " jare Paidi.
"Isuk mau, aku dipecat mergo ngilangno bedhile komandan, " jare Muntiyadi.
"Walah ngono ae lho, laopo se dipikir. Awakmu lak dhempal tah, dadi bodyguard utowo preman pasar sik payu, " jare Paidi.
"Iku sik gak sepiro, mari dipecat, aku mulih gasik, pas sampek omah ndhadhak aku mergoki bojoku lahi indehoi ambek koncoku, " jare Muntiyadi.
" Wis gak usah dipikir. Bojomu lak pancen ngono kelakuane, pegaten ae, wong wedhok sik uakeh sing tahes komes, " jare Paidi.
"Iku sik gak sepiro. Aku wis putus asa, katene bunuh diri ae. Mari ngono aku tuku potas terus tak cambur es teh, bareng arep tak ombe dhadhak kon saut pisan. "

Malam Pertama

Cak Mar sik tas rabi, lenger-lenger nang pos hansip koyok wong liwung. Gak sui Cak So liwat.
"Mar, kon iku manten anyar gak tambah seger lha kok malah lungset nyaprut. Opoko kon iku Mar? "
"Iyo Cak, aku kepikiran bojoku. " are Cak Mar.
"Opoko bojomu iku, wong tak dhelok bojomu iku tahes ngono lho. " jare Cak So.
"Ngene lho Cak. Aku iki biasa 'njajan'. Lha pas mari main malam pertama wingi, aku ngetokno duit seketan. Pikirku, arek wedhok sing bodine koyok ngene paling banter taripe seket ewu. Aku luali pol tibake iku bojoku dhewe. "jare Cak Mar.
"Kon yo ngawur ae. Tapi wis gak usah dipikir nemen-nemen, paling bojomu tersinggung sedhiluk terus mari ngono yo kangen ambek peno maneh. "
"Aku kepikiran gak perkoro wedhi bojoku tersinggung" jare Cak Mar.
"Lha opo lho masalae? " Cak So malih bingung.
"Mari tak ke'i seket ewu, dhadhak aku disusuki selawe."

4 comments:

rahma said...

hehehe..., walo sunda, saya bisa translate leluconnya mas..siiippp

Indiarto Priadi said...

Luar biasa euy, Inot bisa mengartikannya. Nanti saya carikan lagi yang lebih "mbundeli"(hehe semoga kamu tahu arti kata itu)

Ping! Me Shop said...

Meskipun akhirnya bisa mengerti, perlu pemikiran ekstra untuk bisa memahami isi dari tulisan Mas Indi yg satu ini...!
Saya mah fasihnya teh bahasa Sunda soalnya...hehehehe...

Indiarto Priadi said...

Nasib...nasib. Saya yang nggak mengerti bahasa Sunda hehehe